Aku urip ing negara kang tanpa benggala
Negara kang wargane ora duwe pangilon
Ajaa pangilon ing saben omah, ing tlaga kang koinguk ora bakal ketok wayanganmu
Pramila wong ora bisa nyawang awake dhewe
Sing ana namung nuding marang liyan
Tinuding tuding-tudingan
Binalang balang-balangan
Pinisuh pisuh-pisuhan
“kowe sesat”, ujare
Sapa wonge kok bisa ngarani wong liya sesat
“kowe kapir”, tembunge
Apa slirane wis ngrumangsani sing paling bener dhewe sak donya
Pancen negara kang tanpa benggala
Prasasat yen bisa nyawang wayangane dhewe, ora bakal percaya yen iku dheweke
Bisa-bisane nudingi sedulure, melehake kaluputan-kaluputane
Kamangka wong kuwi nyata sesat yen wis ngarani wong liya sesat
Ah, damput … !!
Iya aku iki damput tenan
Nyawaku, sawangen awakmu dhewe
Rumangsaa yen sejatine sliramu iku manungsa
Apa rumangsamu sing mbok tuding-tuding iku dudu manungsa
Nganti mbok tundhung, mbok wirang-wirangake
Ah, pancen damput … !!!
Iya aku iki sing damput tenan
He, nyawaku, sawangen sedulur kiwa tengenmu
Mangiloa
Ngacaa
Ya ing sarirane iku kowe bisa mangilo
Sanajan kabeh benggala ing donya iki ambyar, kowe tetep isih bisa mangilo
Ngrumangsanana
Ana ing sarirane sedulurmu bisa kosawang sariramu dhewe
Apa wae tumindakmu iya tumanduk ana ing kono
Iku kang dadi benggalamu
Benggala satindak-tandukmu
Mangiloa
Jakarta, 26/6/13