Nimas,
banget tresnaku marang jeneng sira
esemanmu
solah bawamu
panembramamu
anggawe wuyunge atiku
nanging dudu pangawakmu iku kang njalari tresnaku
mara gage nimas
tambanana lara brantaku
jampenana panandhang wuyungku
tresnaku dudu tresna amarga jalaran
nanging tresna sanajan tanpa jalaran
witing jalaran amung peparingane Sang Hyang Widhi
tresna Sang Maha Langgeng