nunggang rasa ngener ing panggayuh
lunging gadhung mrambat krambil gadhing
gegondhel witing rasa pangrasa
nyancang jati wasanane
mbrebes mili banyu saking langit
tibeng kedhung lumembaking pangkon
anut nyemplung lelakon ngaurip
cumemplong rasa atiku
candrane wong nglangi
ing tlaga nirmala
candrane kumambang
ing sendhang sumala
solan salin slagane manungsa
empan papan sasolah bawane
esuk sore rina sawengine
ajur ajer njing kahanan
candrane wong nglangi
ing tlaga nirmala
candrane kumambang
ing sendhang sumala
tan lyan gegondhelan tarlen mung wit krambil gadhing
[…] diawali dengan lagu Ingsun, lagu Sujiwo Tejo di albumnya yang terbaru, Mirah Ingsun. Layaknya sebuah tablo untuk membuka […]