sendhenan ing ngisor klapa
angin midit ka sih kidul
sih kulon lor lan sisih wetan
pring gadhing blumbang lan kemundhung
ngenteni liwate manungsa
nyunggi godhong-godhong jati
nyunggi jatining pangrasa
mundhi saluku urip kang jati
saking alas pajaten
sun nteni sor wit klapa
kaya ngene rasane
ngenteni wong sing liwat
ket isuk wis meh bangkit surup
galenganku sih mlompong
galenganing uripku
saendah-endahe srengenge
saelok-eloke lelakon
kabeh kaya dina sing wis uwis
kajaba ari kui
ari wong lagi gandrung