Another Story of Cat and Mouse (Javanese)

Biyen-biyene antarane Kucing lan Tikus sejatine rukun lan nyedulur. Kucing sajroning jagading kewan pinercaya dadi sesepuh Sang Raja ing Negara Wana, yaitu Singa.
Dene Tikus uga sawijining nayaka, malah kalebu Pangeran sinebut Pangeran Alit. Ora amarga awake kang cilik, nanging mujudake pangkating praja, isih mambu-mambu trah kraton.
Ya mung watak wantune beda. Kucing banget anggone ngugemi tata rasa, tata cara, lan tata wicara. Kajaba iku Kucing uga duwe kawibawan amarga saka tumindake. Kosok walikane Tikus. Dheweke julig, seneng mitenah, lan tukang nggrogoti danapraja. Ora maido yen negara dadi bangkrut, ya saka polahe Tikus.
Kahanan prebawane Kucing kang misuwur amarga disenengi dening kawula, digugu ngendikane iku ndadekake Tikus ewa, kajaba pancen ya wis watake kang drengki srei.
Watak julige Tikus kabukten nalika dheweke pengin ngrusak citrane Kucing. Anggone nata pitenah marang sesepuhing praja iku, jebul wis suwe. Carane, Tikus kang kondhang salah sawijining punggawa kang danaiswara, duwe raja brana ngluwihi hartaning negara ya amarga saka olehe slinthutan ing bab danaarta iku gawe reroncen prakanca nganti tekaning punggawa praja paling ngisor. Ora amung teka Lurah, Bau wae dadi andhahane Tikus kanggo njongkeng kawibawane Kucing.
Kalodhangan iku tumeka nalika Sang Raja nganakake paseban agung. Durung rampung anggone Sang Nata Sima ngendika bab rahayuning praja kadadak sinela sowane Ayam tanpa katimbalan. Sang Prabu kang banget tresna marang kawulane iku enggal ndangu Ayam apa darunane dene sowan ngawa tangis.
”Gusti Prabu, kawula nyuwun kawicaksanan Paduka,” ature Ayam.
”Apa karepmu, Ayam?”
”Kepareng matur bilih pinesepuhing praja, pun Kanjeng Gusti Pangeran Sepuh Kucing sampun merjaya anak kawula…”
Kagyat Sang Nata apadene Kucing, kaya kasamber bledhek talingane mireng ature Ayam. Nanging Kucing panggah ora kegawa swasana kang ora nguntungake, dheweke tetep nata ati.
”Aja ngayawara aturmu, Ayam,” panyaute Kucing aris.
”Apa sira duwe bukti lan seksi, Ayam?” pitakone Sang Raja.
”Inggih, menika kawula ajak Pak Kebo minangka seksi. Lan menika jisimipun Genduk Kuthuk wonten tatu saking kaperjaya dening Kanjeng Kucing,” ature Ayam saraya nyaosake kunarpane Kuthuk.
”Apa bener, Kebo?” pitakone Sang Prabu.
”Nggeh…” semaure Kebo.
”Kowe weruh dhewe?”
”Nggeh…”
”Kados pundi pamanggih Bapa Kucing?” pitakone Singa.
”Lha menawi ingkang lepat Bapa Kucing lajeng nyuwun pirsa Panjenengane, inggih sami mawon badhe paring slamet, sing rugi kawula dasih,” Tikus nyaut.
”Pamrayogamu, kepriye, Tikus?”
”Utang pati nyaur pati, Sinuwun…” jawabe Tikus sajak prasaja karo glelang-gleleng semu ngremehake Kucing.
Prabu Singa bingung, dheweke ora bakal wani midana pati marang Kucing. Nanging yen ora kapidana, mangka Singa wus kawentar dadi raja kang adil. Tikus nangkep kang ngganjel ing atine Singa, mula dheweke banjur matur supaya Kucing diusir saka praja amrih adil lan kawula ora karugekake. Mirsani polah pitenahe Tikus marang dheweke, Kucing dadi sengit banget. Nanging watake kang anteng lan barang bukti apadene seksi nguwatake keluputane, dheweke ora bisa apa-apa.
Mula nalika Sang Singa paring dhawuh supaya Kucing enggal undur saka paseban lan ora kena bali selawase aneng praja, dheweke mung sendika dhawuh.
Nganti pirang-pirang taun Kucing ngumbara, ya amarga saka taberi anggone tarak pinalangsa nganti dheweke bisa tinampa dening manungsa. Wektu terus nglingsir, ing sawijining dina Kucing ketemu kalawan kewan kang praupuane meh padha karo Tikus, nanging dedeg piyadege meh padha dheweke, jenenge Garangan. Garangan mau kedadak nangis ing sangarepe nyuwun pangapura amarga wus mitenah Kucing awit nuruti dhawuhe Pangeran Tikus.
Nadyan wis ana pangakuwan iku, Kucing durung percaya, mula dheweke enggal-enggal ngajak Garangan nggoleki Kebo kanggo prelu mratelakake apa bener Kebo mangerteni tenan, sanajan ta wis ikhlas, nanging dheweke kepingin mbuktekake sapa sejatine kang salah. Sawise ketemu Kebo banjur kadangu, ”Sedulur Kebo, apa bener biyen sira mangerteni yen sing mrewasa Khuthuk, pancen aku.”
”Nggeh…”
”Garangan, metuwa!” Garangan kang sesingidan ing grumbulan enggal metu, Kucing banjur nerusake ndangu marang Kebo, ”Kang mateni Khuthuk, aku apa Garangan iki?”
”Nggeh…”
”Garangan?” pitakone Kucing.
”Nggeh…”
”Sing mateni aku apa Garangan?” pangoyake Kucing.
”Nggeh…, mboten paduka ndara Kucing, nanging Garangan…” jawabe Kebo. Nadyan bodho, Kebo pancen kondhang lugu tur jujur.
Kucing nglenggana. Ya ben Gusti kang bakal paring paukuman marang kang tumindak culika. Kabukten. Ora sauntara suwe Tikus uga kausir saka praja amarga anggone nggrogoti raja brananing kraton kapirsanan dening Prabu Singa.
Kanggo nutup kaluputane marang Kucing, Sang Raja nate utusan marang Manuk Beluk supaya sesepuh iku kersa bali maneh menyang praja, nanging Kucing kang wis tinampa dening jagade manungsa ora gelem bali. Apa maneh iki ana kabar menawa Tikus uga kepingin katampa dening manungsa. Yen nganti Kucing bali maneh menyang wana, dheweke sing rugi. Nganti seprene Kucing menawa mbuwang kajad gedhe (ngising) mesthi diurugi, saka tembung sing rugi, kanggo pangeling-eling. Kucing sing rugi menawa bali maneh menyang wana.
Dene Tikus nganti seprene durung bisa ditampa dening manungsa amarga saka watake kang kurang ajar, senenge gawe rusak, lan kemproh. Pinangka piwales marang budine manungsa, Kucing tansah rumeksa daleme manungsa, kajaba pancen sengite marang Tikus nganti ngigit-igit angel kalalekake

(kapethik soko Solopos)

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s